Cagak Papat Lawang Songo
🎬 STRUKTUR PENYAJIAN SKENARIO
🔹 ADEGAN 1 — Pendopo Lurah Gendhing Pamuji
Durasi Estimasi: ±15 menit
Sub Adegan: 4 bagian (interaksi bertahap, dari pembukaan santai sampai rapat informal)
Sinopsis:
Adegan dibuka dengan suasana santai Ki Lurah dan istrinya, Bu Lurah, yang sedang menunggu kedatangan tamu. Masuklah Mas Gambang dan Mbah Kempul. Percakapan berkembang dari basa-basi ringan menjadi pertemuan strategis membahas pengajuan proposal masalah air di empat wilayah: Ledhog Songo, Kali Tengah, Tegal Pelog, dan Kebon Slendro. Dialog berkembang natural dengan guyonan dan sedikit sindiran, namun tetap fokus pada solusi konkret melalui gotong royong dan rencana pengajuan proposal program Padat Karya.
Tokoh / Karakter:
Ki Lurah Gendhing Pamuji – Pemimpin desa yang bijak, komunikatif, sedikit ndagel, namun tegas.
Nyi Rebab Anggini / Bu Lurah – Pendamping lurah yang perhatian dan hangat, peran pendukung aktif.
Mas Gambang Anggoro – Tokoh muda, cerdas, idealis, lugas, punya solusi konkret.
Mbah Kempul Lowo – Senior desa, humoris, kritis, kadang nyeleneh tapi punya pengalaman.
Yu Sitter & Pakdhe Gender (Disebut, tapi tidak hadir di adegan ini)
🔹 ADEGAN 2 — Sendang (Umbul Air)
Durasi Estimasi: ±10 menit
Sub Adegan: 2 bagian (adegan romantik dan benturan tugas)
Sinopsis:
Pakdhe Gender Sukolamin dan Mbok Sitter Sharon Mani sedang duduk di bebatuan dekat sendang, menikmati keindahan alam. Pakdhe Gender memuji keindahan sendang dan mengungkapkan perasaannya terhadap Mbok Sitter. Mereka berbicara tentang proposal yang telah diajukan ke kelurahan dan menunggu tindak lanjutnya. Tiba-tiba, Mbah Kempul dan Mas Gambang datang untuk mengecek lokasi yang akan dijadikan penampungan air. Pakdhe Gender dan Mbok Sitter merasa canggung karena tidak hadir dalam pertemuan sebelumnya. Namun, mereka tetap melanjutkan obrolan santai, berharap proyek dapat berjalan lancar.
Tokoh / Karakter:
Mbok Sitter Sharon Mani – Tokoh perempuan janda anak 1 perempuan centil tapi sensitif, suka berdalih/ emek-emak.
Pakdhe Gender Sukolamin – Sosok laki-laki tua genit, nyantai, lebih fokus pada pendekatan pribadi ke Sitter.
Mas Gambang Anggoro – Tetap menjadi representasi suara rakyat dan perencana yang terarah.
Mbah Kempul Lowo – Antagonis dagelan, ngeyelan, koyo welut, joyo endho sakarepe dhewe.
🔹 ADEGAN 3 — Warung Kopi (Warkop Siasat)
Durasi Estimasi: ±20 menit
Sub Adegan: 4 bagian (komedi rakyat, kritik sosial, edukasi, dan klimaks penyadaran)
Sinopsis:
Adegan penuh warna dengan latar pagi hari di warung kopi. Tokoh-tokoh masyarakat dari berbagai latar muncul, bercengkerama, nyindir, dan membahas dana proposal. Suasana santai berubah jadi ramai ketika ada kritik terhadap Mbah Kempul soal potensi penyalahgunaan dana. Masuk Ki Lurah, yang langsung meredam suasana dengan memberikan wejangan melalui tembang dolanan "Gundhul Pacul". Lagu ini menjadi titik didaktik yang menyadarkan semua tentang pentingnya etika dan tanggung jawab pemimpin.
Tokoh / Karakter:
Yu Slenthem – Pemilik warung, cerewet tapi ramah.
Tokanan & Tokiri – Kembar kocak, cerewet, mewakili suara generasi muda.
Dhadung Rembet – Tukang ngutang, jenaka.
Mbah Blungkang – Sesepuh bijak, agak cuek/dingin diminta menjelaskan nilai moral dari tembang.
Mbok Tenggok Amoh – Perempuan kritis dan skeptis.
Kang Gandhen Cipir – Pejuang administrasi, punggawa urusan proposal.
Pakdhe Gender & Mbok Sitter – Melanjutkan perannya, ikut bergosip dan ditegur.
Mbah Kempul – Mulai terpojok, terbukti kontroversial.
Ki Lurah Gendhing Pamuji – Muncul di akhir sebagai peneduh konflik, memberi nilai luhur.
🔹 ADEGAN 4 — Pendopo Lurah
Durasi Estimasi: ±10 menit
Sub Adegan: 4 bagian (komedi rakyat, kritik sosial, edukasi, dan klimaks penyadaran)
Sinopsis:
Rembugan singkat, Santai padat jelas Ibu-ibu PKK dalam rangka mendukung kegiatan Gotong-Royong sebagai seksi Konsumsi
Tokoh / Karakter:
Nyi Rebab Anggini
Yu Sutter Sharonmani
Yu Slenthem
Mbok Bagor Ngalembor
Mbok Tenggok Amoh
Mbok Simbu
Kang Gender Sukolamin
🔹 ADEGAN 5 — Lokasi Gotong Royong
Durasi Estimasi: ±10 menit
Sub Adegan: 4 bagian (komedi rakyat, kritik sosial, edukasi, dan klimaks penyadaran)
Sinopsis:
Sedikit Ontowecono dan lebih ke Parodi dan tembang “E Dhayohe Teka”.
Tokoh / Karakter:
Semua pemeran
🔹 ADEGAN 5 — Pendopo Lurah
Durasi Estimasi: ±10 menit
Sub Adegan:
Prakata Lurah
Do’a syukuran (nembang Lur-Dulur)
Sinopsis:
Diawali acara khidmat prakata Ki Luranh Gendhing Pamuji dan di lanjutkan Do’a dipimpin oleh mbah Blungkang dan di tutup dengan riuh meriah pembagian berkat kenduri.
Tokoh / Karakter:
Semua Tokoh Laki-laki
🎬 ADEGAN 1 (2 Sub Adegan)
(±8-10 menit)
Latar:Pendopo Lurah Ki Lurah Gendhing pamuji
Peran:
Ki Lurah Gendhing Pamuji
Nyi Rebab Anggini
Mas Gambang Anggoro
Mbah Kempul Lowo
Adegan di awali dengan Ki Lurah dan istri jagongan santui di pendopo sembari menunggu tamu undangan datang…
Ki Lurah berdiri gelisah, menghela nafas, sedikit mondar-mandir…
Bu Lurah: (sembari menuangkan Kopi)
Monggo Pakne, kopine mumpung anget, ben radi padhang penggalihe…
Ki Lurah: (Menghembuskan nafas, dan menjawab)
Karang yow kahanane pancen lagi ruwet, urusan banyu sing adem turah kimplah-kimplah… ning nek kleru lhe ngatur iso marai panas ngungkuli geni…
Bu Lurah: (menghampiri pak lurah, lembut mengusap Pundak kiri Ki Lurah)
Nggih sing sabar… ndalu puniko rak sampun paring undangan kagem poro pamong saking sekawan tlatah tow…
Kulonuwuunnn…
(Tiba-tiba di Tengah perbincangan tamu undangan, Mas Gambang dan Mbah Kempul uluk salam bersamaan).
Bu Lurah menyahut spontan: whooo lhaniki sing dirasani pun sami rawuh..
Ki Lurah: (Kaget gito-gito menjawab salam)
Monggo mas Gambang kalian mbah Kempul, monggo sami lenggah
Bune, ndang cepakne sisan uborampene
Bu Lurah: (sembari pamit ke belakang menyiapkamn minum)
Nggih pakne, monggo mas, mbaahh sami pun sekecakaken rumiyin lenggahipun…
Ki Lurah:
Lhaiki iso teko bareng ki ampir-ampiran opo piye mau…
Mbah Kempul: (sembari menyulut rokok dan menghisapnya)
Langgih kedah sarengan wong kulo meniko ketua panitia, mas Gambang niki sekretaris kulo teng proposal meniko Ki Lurah..…
Ki Lurah:
Whoo lah wis dadi tow proposal.. tak cek-ke sik nggih, karo sambi rokokan sikk.. ayo mas Gambang, isih udud opo ora saiki?
Mas Gambang: (sembari nyeler udude mbah Kempul)
Nggih taksih mung gilok-gilok kagem srawung…
Mbah Kempul: (karo rodo melirik ora seneng)
Hayo sehat saiki nek kowe iso ngurangi lhe udud…
Haning nek sing di kurangi gon kancane terus ngene iki iso sing lara malah kancane…
Hahahahahaa… di sahut dengan tawa bersamaan ketiganya
Ki Lurah:
Wooo, iki totalane entek 17 Yuto yow kanggo gawe bak penampungan banyu??
Mbah Kempul:
Hanggih jane nggih naming ngepres niku, keporo mangkih malah tombok.. hehhehe
Mas Gambang: (langsung menyahut meluruskan)
Jenengan niku pripun tow mbah,
mboten kirang niku mbah wong pun onten spare dana 2 yutonann..
Disambut tawa renyah, dan keherannan..
Ki Lurah:
Yow iki wis pantes lan jumbuh karo agendane, sesuk isuk tak prupute gowo maju neng Dewan, ben ndang iso pencairan..
nIng yen babagan banyu kui opo pancen ora iso tekan Tlatah Tegal Pelog yen ora gawe penampungan?
Mbah Kempul: (menyahut motong-ndhagel)
Mboteennn, blassss..
Ki Lurah:
Kamongko sumbere gedhe yow,
Koyo Blok Kali Tengah lan Kebon Slendro malah nganti turah kimplah-kimplah..
Mbah Kempul: (menyahut motong-ndhagel)
Lhaanggihh niku, yen gene kulo malah sewalike Pak Lurah..
Yen Kuntul-kuntul teng Kebon Slendro nganti iso dho slulum, nggen kulo niko Bebek-bebek mawon dho prei lhe renang malah kekipu bledug..
Pramilooo, kedah damelaken penampungan supados toyanipun meniko dugi gen kulo…
Tawa renyah pecah
(Bu Lurah masuk membawa minum unuk 2 orang tamu disaat mas Gambang menjelaskan usul sarannya Panjang lebar)
Ki Lurah:
Lhha iki, wedange wis teko, monggo lajeng kemawon sami pun unjug wedang kendele Bu Rebab..
Mbah Kempul dan Mas Gambang: (hamper bersamaan)
Nggihh Pak/Ki Lurah.. monggo mbah
Ki Lurah: (memecah suasana pasugatan)
Ning iki kok seko kang Gender lan Yu Sitter kok sak yahene durung ono kabar yow..
Lali opo malah ono opo yow kiro-kiro..
Mas Gambang:
Wau niku ianipun nggih kulo ampiri Pakdhe Gender, ning sampun kesah kawit magrib ngoten mungale..
Mbah Kempul:
Lhoh kok gathuk lheee..
kulo wau nggih ngampiri denok Sitter janipun, ning kok iso kepeneran jare wis lungo ket maghrib jare anake wedok mau..
ngko gek-gek malah lagi do gandrung nendi ngono..
Ki Lurah:
Hahahah, yowis rapopo, mbok menowo ono wigati sanes sing luwih penting..
Ning nek Babagan Proposale Tlatah Kali Tengah lan Kebon Slendro mono wingi wis tekan Kelurahan..
Yowis di lanjut wae jagongan karo unjugane monggo sami pun bangsuli..
Mbah Kmepul:
Berarti meniko sampun cekap tow nggih rembaganipun..
kantun Santai mawon ngoten lhow..
Bu Lurah: (nyelo)
Mbok niku pun sami bangsuli unjukanipun… monggo.
Ki Lurah:
Nggih sampun di anggep cekap ngoten mawon mbah, kantun nenggo pencairan dana lan pelaksanaan kegiatan mawon mbenjang..
Bab detailipun rak sampun pun rembag wingii..
Bu Lurah: (menimpali pak Lurah dnegan antusias)
Monggo sakmeniko pun lajengaken lenggahan Santai mawon, sinambi pun bangsuli unjukanipun…
Serempak mbah Kempul dan Mas Gambang Minum, klokop-klokop
Mbah Kempul:
Egggghhh segerrrr sinambi nunggu dana cair sesukkk…
Di sambut tawa renyah semua hadirin…
Mbah Kempul:
Ning nggih nyuwun sewu meniko pak Lurah kalian Ibu, kulo kinten sampun gamblang sedoyo pirembagan dalun meniko, awit saking meniko kulo kepareng badhe nyuwun pamit…
Bu Lurah:
Lhooowghh kok keseso tow wong kersane jagongan rumiyin…
Lha niat ming ngopo niki wau..
Mbah Kempul:
Niki keleres badhe sisan ngecek Lokasi langsung mawon
Sekalian mbok menawi ketemu denoke Sitter,
jo ojo malah wis nyambung saluran irigasi karo Genderrr iki hehhehe blaesshh..
Mas Gambang:
Hanggih kersane tow mbah, jenengan niku…
Mboten sah ndherek bursa kandidat wong nggih kalah enom.. tur yow kalah start tow mpunan..
Di sambut tawa riuh dari semua hadirin dan mas gambang melanjutkan pamit
Mas Gambang:
Nggih ngoten pak Lurah, Bu Lurah kulo ugi pamit sisan nggih ndhereke mbah Kempul sisan pun sepuh mesake
Bu Lurah:
Welah wong ken mangkih-mangkih kok malah..
Ki Lurah:
Nggihh sampun monggo sugeng Kondur nggih mbah Kempul mas Gambang, natos atos..
Suasana riuh pamit dan tersisa hening Ki Lurah dan nyai
Ki Lurah: (nembang santai, rodo ndaghel)
Dughhh wong ayu Rebab Angginiiiii…
Bu Lurah: (mesem seneng lan gito-gito)
Welahhh jenengan niku kesambet nopo tow pakne…
Ki Lurah: (lanjut nembang karo nuntun bu lUrah mundur paseban)
Ayooooo turuuuuu, iki wussh wengiii…
Tengahing raaaatriiiiiii…
Bu Lurah ming mesam-mesem manut ndherek mundur…
Closed segment 1
🎬 ADEGAN 2 (2 Sub Adegan)
(±8-10 menit)
Latar:Sendang
Peran:
Mbok Sitter Sharon Mani
Pakdhe Gender Sukolamin
Mas Gambang Anggoro
Mbah Kempul Lowo
Pakdhe Gender Sukolamin: (diawali dengan duduk di bebatuan lalu Gender Ngadeg, nuding sendang-umbul banyu ing Tlatah Ledog Pelog)
Duuuughhh Cah Ayu, Denok sitter…
Delengen kae banyune sendang…
Bening, suarane kemrisik nyenenane…
Gawe bungah samubarang sing ngrungoke…
Mbok Sitter Sharon Mani: (rodo bingung ning bungah, seneng lan ngarep)
Haanjenengan niku ngomong opo to dhee…?
Sajak kok ngemu karep liyane…
Pakdhe Gender Sukolamin:
Lha Awake dewe iki neng kene, di belani ora melu parpatan nenggone pak Lurah jalaran wis kadung kansenan,
Mestine rak yow ora main-main tow dikkk… weeehh kowe kui..
Mbok Sitter Sharon Mani: (bungah, semangat, seneng)
Lhaaiyow dhe..
Nek dipikir-pikir Jenengan ki yow wis sepuh.
Pakdhe Gender Sukolamin: (Motong pembicaraan)
Yow durung tuo, ming wis rodo kematengen wae..
Tur awake dewe iki wis podo karepe nyambung sih katresnan…hahahhaha…
Mbok Sitter Sharon Mani: (mengalihkan pembicaraan)
Ning kiro-kiro wis dho rampung durung yow lhe dho rembugan?
Pakdhe Gender Sukolamin: (Motong pembicaraan)
Nek kudune yowis rampung, ning wiss rasah dipikir..
Wong yen jatahe proposal awake dewe wis mlebu tekan kelurahan wingi tow dikk..
(tiba-tiba mbah Kempul dan mas Gambang datang dari rapat)
Mbah Kempul: (langsung nggetak, Gender-Sitter kaget, isin rodo clingus, Sitter langsung ndhepel Gender sajak wedi..)
Weeeehhh… lha dalah…
Kowe keloron kui di dapuk dadi punggawaning tlatah..
Ono undangan penting ora teko malah dho gandrung nengkene gek terus kepiye iki…
Pakdhe Gender Sukolamin: (macak wicaksono)
Yow ora ngono mbah Kempul, haning kabeh iki wis kadung karencono sekawit Wulan kepengker durung kober dolan wong loro… Giliran wis gathuk wektu malah undangan nyelo-nyelo…
Mbah Kempul: (Geleng-geleng heran)
Wooo, angel-angel… angell..
Mbok Sitter Sharon Mani: (ndakik-dakik takon penuh antusias)
Lha tur tambah kaannn proposal kulo kalian kang Gender ugi sampun dugi kelurahan rikolo wingi mbah..
Mbah Kempul: (nimpali/ melengkapi)
Haning kan ono bab liyo mbok menowo arep di ngendikake Ki lurah…
Pakdhe Gender Sukolamin: (rodo nricis mergo ra kepenak roso)
Wwooo ngoten tow mbah…
Lha pripun kasile wau mbah..
Kok jenengan kekalih malah dugi mriki?
Mas Gambang: (Santai tapi teges)
Mboten dhe…
Kulo kalian mbah Kempul mriki meniko sisan ndamel mawon ngecek Lokasi ingkang badhe dipun ancas kagem penampungan Toyo mawon…
Pakdhe Gender Sukolamin: (gito-gito sinambi nggeret mas Gambang)
Yowis kono Nderrr di teruskie lhe nggandrung,
Babagan proposal sesuk gari nunggu caire wae
yow mBangg yoww.. teruske munggah kono wae yow leee..
Mas Gambang:
Hasuuumonggo mbah Kempul..
Monggo Pakdhe -Mbokdhe pun sekecakaken…
Pakdhe Gender Sukolamin: (wis rodo ra semangat)
Ooohhh yo mas Gambang,mbah Kempul sami ngatos-atos..
Sejenak hening dan mbok Sitter ngajak bali kang Gender
Mbok Sitter: (wis rodo bingung isin)
Yow saiki bali wae kang yow wis wengi, rapenak je engko dadi suoro..
Pakdhe Gender Sukolamin: (rodo nggasreg ora durung gelem)
Lhoowhh yow engko sikkk, lha durung ngopo-ngopo je nengkenee
Mbok Sitter: (Kaget karo nyeret Gender)
Wissh rasah werno-werno, ayoo ndang bali… anakku wedok selak nggoleki engko..
Pakdhe Gender Sukolamin: (menggerutu tapi menurut)
Wwweghhh yowisss yoooo,
Wahhh jiyan rasido Point…
Closed segment 2
🎬 ADEGAN 3 (4 Sub Adegan-hilir mudik)
(±15-20 menit)
Latar:Warung Kopi (WARKOP SIASAT)
Peran:
Mbok Slenthem
Tokanan
Tokiri
Dhadung Rembet
Mbah Blungkang
Mbok Tenggok Amoh
Kang Gandhen Cipir
Mbok Sitter Sharon Mani
Pakdhe Gender Sukolamin
Mbah Kempul
Ki Lurah Gendhing Pamuji
Suasana pagi, riuh asri di Warung kopi, Mbok Slenthem menyajikan kopi untuk mbah Blungkang dan melayani pembeli ( Dhadung Rembet membayar dan Pamit. Tokanan dan Tokiri adalah saudara kembar yang sedang ngopi dan main catur di pojok halaman warung.
Yu Slenthem: (sembari mengulurkan kopi untuk mbah Blunkangdan beralih ke Kang Dhadhung Rembet)
Monggo mbah Koinipun…
Kang Dhadhung jajan opo wae ki mau ya…?
Kang Dhadung: (posisi sudah berdiri dan siap menghitung jajan dan membayar)
Ki mau Kopi siji, Udud rong lerr..
Mangane Soto Bathok dhang goreng pitu.. pinten yu??
Yu Slenthem: (sembari ngitung/ ngawang)
Udud loro rongewu
Kopi telungewu mangewu karo soto sepuluh ewu dhang gorenge 7 ping sewu limangatus, wis sepuluh ewu wae..
Totalane dadi selawe ewu kang yoww…
Kang Dhadung: (rodo ewuh)
Karo wingi kopi karo udud rong ler yowan
Yu Slenthem: (gito-gito semangat)
Dadi telungpuluh kang kabehane..
Kang Dhadung:
Hayow kui gabungen sik, engko sore tak bayar ngenteni adol kambil kulon deso sik yu…
Yu Slenthem: (rodo gela, nyengir)
Wahhh ning tenan lho iki engko sore ora ming obo thok…
Kang Dhadung:
Hiyo yu, sumpaah…
Yowis aku pamit sik arep pek kambil…
Ayo kembar penake sik, nggo mbah bungkang..
Di sahuti serempak (ayo, monggo dan lambaian tangan dari tokanan)
Di barengi dnegan masuknya Mbok Sitter lan Kang Gender
Yu Slenthem: (gito-gito nyumanggaaken mbok Sitter karo kang Gender)
Eehhh, monggo pinarak mbok Sitter kalian kang Gender, ngersakne nopo niki..?
Mbok Sitter:
Aku teh panas wae yu,
Nek kang Gender Kopi kenthel wae tanpo gulo..
Mbah Blungkang:
Weehh awi nak, lenggah kene..
Kok kopine paitan nyetheg?
Kang Gender:
Enggih mbah wong legine cukup nyawang Denoke Sitter meniko pun cekap…
Di sambut tawa riuh para pelanggan warung..
Icikiwirr, ihirrr dll… seriuh mungkin… Dan di saat ini mbok Slenthem menyajikan pesenan the dan kopi untuk Sitter dan Gender.
Ditengah keriuhan datanglah Mbok Tenggok amoh lan Kang Gandhen Cipir
Mbok Tenggok Amoh: (sumnedhe sajak kesel banget seko sawah)
Iki isih jam yahene kok wis rame banget tow warungmu yu..
Gawekno teh manget-manget wae Yu yoo..
Yu Slenthem: (sembari menyiapkan sebentar dan ngulungke weang teh angete)
Iki mbookk wedange,
nyohh karo leren lungguh kono kui..
Kang Gender:
Lhowgh kang Gandhen Cipir seko ngendi kimau?
Kang Gandhen Cipir:
Aku seko ngomah wae karo nunggu info pencairan dana proposal jare dino iki..
Masuk mbah Kempul dan dengan PD pesen Kopi
Mbah Kempul:
Aku kopi sisan siji Yu slenthem,
Wohh kowe nDhennn, wis pesen koipi durung, peseno sisan yen durung engko tak bayari..
Kang Gandhen Cipir:
Sampun mbah, kok sajak bungah saking pundi?
Mbah Kempul:
Lha ki mau yow bareng denok Sitter karo Gender barang kui pencairang dana..
Kang Gandhen Cipir:
Lhooow estu nopo? Sios mandhap pinten? Lha Mas Gambang pundi?
Mbah Kempul:
Aku teko dewe mau, wong Gambang malah ono perlu neng Dukcapil ngurus opo embuh kae..
Iki cair 17 yuto, ning sing rong yuto go spareee..
Kang Gandhen Cipir:
Lho nopo saged pencairan dipun wakili mbah..
Mbah Kempul:
Weghh, aku ki ketua panitiane jew, yow aku sing njupuk danane to nDhen kowe ki piye..
Haaaa perkoro sing gawe kowe, sing maju Gambang, sing njupuk aku kui mono jenenge bagi-bagi tugas…weeeh kowe ki cah radhonggg…
Mbah Blungkang:
Weeehhhh ket mbiyen ora owah kowe kui mPull…
Mbah Kempul: (rodo nesu campur wirang)
Haaa sampean rasah melu-melu wong udu wargoku.. Kopimu wis mbayar durung? Yen durung tak bayarane sisan..
Kang Gandhen Cipir:
Helooowghh, kok kabeh-kabeh ditawani kopi niku arto proposal nopo sanes mbah
Serempak bersautan, haa indikasi/ hayo koyo adate/ Ajeghh!! ,
di tutup dengan tawa renyahhh dan saat masih riuh Ki Lurah Gendhing Pamuji datang..
Segera mbah Kempul yang tau ki Gendhing datang langsung clingus bingung dan mengeluarkan HP yang tidak berbunyi sembari pura-pura menerima telepon dari pak Camat..
Mbah Kempul: (gidhuh bingung rodo pucet)
Halooo.., halooo,
Nggih halo pak Camat,
Wooohh nggih-nggihh pak Camat kulo sowan sakmeniko..
Ki Lurah: (sembari menahan halus mbah Kempul)
Sajak regeng banget neng warung iki ono rembugan opo ki mau?
Jenengan niku mbah, menawi Pak Camat kagungan kerso kalian jenengan temtu kemawon rak nggih paring kabar teng kulo rumiyin tow?
Ngapunten niku hapene jenengan men mboten urip ngoten kok…
sembari tertyawa bijak… dan di olok tawa dari seluruh panggung…
mbah Kempul bingung adem panas..
Mbok Sitter: (gage-gage nyaut)
Hanggih niku Ki Lurahh..Mbah Kempul niku mpun onten indikasi nyelinthut dana..
Mbah Kempul: (nyaut cepet)
Husswhh, ora waton muni, tanpo bukti…
Wong kabeh mau durung sidooo yoan…
Mbah Blungkang: (nyelo matur)
Monggo pak lurah pinarak sinambi ngopi…
Sekalian meniko poro punggowo-punggowo meniko kersane mang Paringi pitutur..
Kang Gender: (sinis, menyindir mabh Kempul)
Hanggih mbah kempul niku ingkang perlu pun paringi kawruhh…
Ki Lurah: (tampak welas asih, bijaksana)
Jane mono yow ora ming kanggo mbah Kempul,
Aku tak ngomong sethithik bab kepemimpinan mono jane wong Jowo kui wis di paringi warisan leluhur sing di titipke neng tembang-tembang dolanan, koyoto tembang Gundhul Pacul…
Dho pirso durung karepe tembang kui kepiye?
Tokanan:
Namung saged nembange nek niku Pak Lurah.. ning artosipiun mboten ngertos…
Ki Lurah: (Gito-gito penuh semangat)
Lhaiki kepener ono kadang nom-noman, aku njaluk tulung mas Tokanan karo Tokiri saiki duet kembar maut nembango Gundhul PAcul..
Sakbanjure mengko kersane mbah Blungkang wedar sanepan pituture ono ing sajroning tembang kui..
Tokanan dan Tokiri:
Namungg siappp Pak Lurah..
Monggo, nyuwun gungan pun iringi Gamelan kersane gayeng.. kalih nyuwun sewu sinambi njoget ben kados Konser..pisan mawon nggih… ndhag kesuwenn..
Tembang Gundhul Pacul dan gamelan sampai selesai..
Tokanan Tokiri penuh semngat memperagakan dan nembang Gundhul Pacul..
Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Disambut tepuk tangan, yang diatas panggung, Tokanan dan Tokiri ndang Ngombe sajak ngelak..
Ki Lurah:
Mathuugg, Marem, lhe nggamel ugo wis iso playon banter karo merem… weeghhh ra ngalahno yen dho sregep sinau.
Hamonggo Mbah Blungkang, ndang pun wedaraken Jatining Jatmiko saking tembang dolanan Gundhul Pacul niki wau.. sanesipun monggo kito sesarengan midangetaken..
Monggo mbah Blungkang..
Mbah Blungkang:
Weeghh nggihh, nyuwun sewu nggih pak Lurah.. sak saged-saged kulo nggih…
Gundhul-Gundhul Pacul,
Gundhul meniko yoooww gundhul, Mustoko.. pok-e sing paling dhuwur ono ing badan awake dewe.. kui gundhul ateges Gundhul kui sing mimpin.. iso di tegese poro pemimpin kalebu Pemimpin keluargo..
Kok Pacul?
Pacul ngonooo, kui sanepan soko tembung papat kang ora ucul.
Opo wae?
Moto, koyo Tokanan lan Tokiri:
Kui digunakake kanggo ndeleengg, hanggoleki soroning uripe rakyat utowo neng kene kasebut wargo.
Taligan, Ugo kiwo tengen:
Kanggo ngrungokake suarane rakyat, ono ing bab iki kalebu sambat sebute wargo bab opo wae.
Irung, irung kui iso diumpamake koyo aku, Bungkaaanggg..
Kang kudu di gunakake ngambu bab sing wangi-wangi wae, wangi-wangi opo? Yow samubarang wewangine kabecikan..
Kang Pungkasan Lambeeee,
Kui di gunakake kanggo medhar sabdo, koyo too sosialisasi Solusi kanthi adil lan wicaksono…
Kinten-kinten Ngoten Pak Lurah lan sedherek sedoyo..menawi dereng jangkep nggih kersane jangkepi pak Lurah..
Disambut tepuk tangan yang meriah dan riuhh…
Dan ditengah keriuhan Tokiri nyelo,
Tokiri:
Lha menawi gundhul pacul gembelengan meniko pripun maksudipun mbah??
Ki Lurah:
Pitakonan kang unggul mas Tokirii…
Wonten ingkang badhe paring piwucal babagan pitakenanipun mas Tokiri…?
Hening sejenak.. dan mbah Blungkang, nyahut
Mbah Blungkang:
Jenengan langsung kemawon Pak Lurah, kulo sampun garing telakipun..
Disambut tawa riuh…
Ki Lurah:
Dadi ngene, Gundhul pacul Gembelengan, wakul ngglimpang segane dadi sak latar iku ngemu wewulang kang agung tumraping poro punggowo kang kadapuk dadi pemimpin..
Pemimpin iku sejatine nduwe tanggung jawab nggowo wargo rakyate mulyo bareng-bareng..
Pramilo jejibahan kui mau ora iso yen di wujudake saktekane keporo malah kanthi sembrono gembelengan..
Mundhag ngglimpag wakule rasido mangan..
Mbok Sitter:
Haa kui mbah Kempul di rungoke…
Dana proposal niku yowww di gunake piye mestine jumbuh karo unine proposal..
Mbah Kempul:
Keno menehhhhhh..
Wong yow durung sido kok tur yow wis rasido nek saiki…
Tambah karo nggetak mbok Sitter
Kowe kui wong loro jane podo wae, wong kon ngurusi wargo wae malah trimo reruntungan turut mbelik tow yowann
Kang Gender:
Mbah Kempul…
(Belum selesai marah langsung di potong pak Lurah)
Ki Lurah:
Sampun… sampuun..
Ingkang Baken kito sedoyo sampun sami pirso pathokan laku kagem dados punggowo ingkang wicaksono meniko pripun.. mboten sah dipun rembag tebih mangkih ndhag malah mboten sae..
Puuuuunn.. Sakniki sami pun lajengaken aggenipun nopo kemawon niki wau…
Kulo nyuwun pamit rumiyin badhe dateng bale deso…
Disambut riuh dan jawaban yang berake macam secara bersamaan
Yu slenthem: kok enggal-enggalan pak Lurah wong dereng ngunjuk nopo-nopo..
Mbah Blungkang: mboten mangkih-mangkih tow pak Lurah..
Yu Sitter: nggih ndheraken sugeng tidak pak Lurah niki kulo nggih badhe pamit inguk ledeng kali Tengah.. ayow kang genderrr… sembari menyeret kang Gender.
Pemeran lain nimbrung ke Yu Slenthem untuk hitung-hitungan jajan dan di iringi gamelan untul transisi ke adegan selanjutnya..
Closed segment 3
🎬 ADEGAN 4 (2 Sub Adegan)
(±8-10 menit)
Latar: Balai PKK Kalurahan
Peran:
Nyai Rebab Anggini (Bu Lurah)
Mbok Sitter Sharon Mani (Pamong Tlatah Kali Tengah)
Mbok Slenthem (wargo Kali Tengah)
Mbok Tenggok Amoh (wargo Kali Slendro)
Mbok Bagor Ngalembor (wargo Ledhog Songo)
Mbok Simbu (wargo Tegal Pelog)
Kang Gender Sukolamin
Adegan di mulai Rumah Bu Lurah, dengan Bu Lurah, Mbok Tenggok amoh, Mbok Bagor Ngalembor, Dan Mbok Simbu sudah ngerumpi sembari menunggu peserta komplit. Di iringi gamelan mengalun dan saat mulai dialog menjadi backsound lirih.. Bu Lurah menyesuaikan, memperhatikan sesekali mesem-ngguyu ngrungoke emak-emak dho Crito…
Mbok Bagor: (sinis)
Ceritane mbah Kempul wingi sidane piye Yu Simbu?
Mbok Simbu: (heran dan ketinggalan berita)
Lhowhh,
Ono issue opo meneh tow mbah Kempul ki?
Mbok Bagor:
Lhaaaopo kowe ki ra krungu pow piye yen dana padat karya malah arep di tilep 2 yuto?
Mbok Simbu: (menegaskan kalua tidak paham sama sekali dengan issue yang beredar)
Weeehh, tenan pow piye kui,
Aku ki ra krungu blas…
Mbok Tenggok:
Lha kowe sing wargame malah ra krungu ki piye to Yuuu..
Lha wingi malah nraktir kopi wong sak kelurahan bar epencairan kae..
Galo mbok Slenthem sing ngerti…
Mbok Slenthem: (memotong gage meluruskan)
Kui ki lagi meh wae…
Durung sido wong selak di kruyuk wong sak warung wingi..
Mbok Bagor:
Wah kui lhe rasido hamergo selak konangan wae kui..
Aku yen nduwe petinggi ngono kui wis genah tak demo entek-entekan kok leee penak temen duite rakyat arep di leg dewe…
Bu Lurah: (nyuoro kanthi tenang, kalem)
Hanggih karang tiyang gesang niku ranggih werno-werno butuhe, werno-werno katuranggane bu..
Ning niki kok mbakyu Sitter durung teko tekan sak yahene? Ono sing ngerti ora kiro-kiro nendi..?
Mbok BAgor:
Hanggih tangklet Mbok Slenthem niku pinongko wargame..
Mbok Slenthem:
Aku ki yow ra weruh wong seko tutup warung iki mau aku ora ngampiri..
Mbok Tenggok:
Halaah paling yow koyo adate, gandrung karo pakdhe Gender..
Mbok Simbu: (dengan polosnya)
Comments
Post a Comment