the Sampling Master Of Ceremony Bidhaling Layon

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh...

Poro sesepuh,  aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas lebdo ing pitutur, ingkang pantes nampi kinabekten ingkang kulo bekteni

Panewu Pakem nun inggih bopo Sukarno, SH ingkang satuhu dhahat sinu darsono.

Poro pangemban pangembating projo satriyaning nagari ingkang dados pandam pandoming kawulo dasih ingkang tansah nengenaken kautamen ingkang kulo hormati

Poro purno karyo labet nagari ingkang mahambeg luhuring darmo ingkang kulo hormati

Poro ibu bopo guru ingkang satuhu jatmiko soho paramarta labuh labetipun ingkang satuhu dhahat kinormatan

Poro alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minongko kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi

Poro asung pambelo sungkowo kakung miwah putri ingkang satuhu winantu ing karaharjan.

Mboten katalumpen, kadang kulo, mudo taruno, mudi taruni minongko sekaring projo ingkang kulo tresnani

Nyuwun sewu awit kulo sampun kumowantun ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo, nggih awit piniji saking keluargo ingkang nandang dukito supados nglantaraken rantamaning titilaksono bidhaling layon wontening kalodangan siang puniko nggih awit sedanipun bopo WAGIMAN REJO UTOMO rikolo wingi sonten wetawis tabuh pitu ndalu,

Innalillahi wainna ilaihi rojiun...
Innalillahi wainna ilaihi rojiun...

"saestu kito sedoyo puniko kagunganipun gusti Allah lan badhe marak sowan wonten ngarso dalem gusti Allah ugi"

Ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap siang, soho sedoyo ubo rampe pangrukti loyo sampun kapenggalih cekap pramilo titilaksono bidhaling layon wontening kalodangan siang puniko enggal kito awiti.

Sakderengipun keparengo kulo badhe ngatuaraken menggah urut acoro ingkang badhe kalampah sakmangkih...

Acoro ingkang sepisan nggih puniko PAMBUKO
Acoro ongko kalih nggih puniko ATUR PAMBAGYO HARJO
Acoro ongko tigo SAMBUTAN SAKING KELUARGA BESAR VETERAN RANTING PAKEM
Acoro ongko sekawan nggih puniko SABDO PANGLIPUR
Acoro ongko gangsal acoro adat SUSUBAN
Acoro ongko enem bidhaling layon lan ingkang pungkasan PANUTUP

Poro asung pambelo sungkowo kakung miwah putri ingkang satuhu dhahat kinormatan,

Sumonggo acoro bidhaling layon siang puniko kita purwakani, kito awiti kanthi ndedongo sesarengan miterat agami soho kapitadosanipun piyambak-piyambak..

Dhumateng ingkang ngrasuk agami islam kito aturi maos basmallah sesarengan, wondene ingkang ngrasuk agami sanes kito sumanggakaken miterat tuntunan soho kawicaksanan agaminipun.

Ndedongo kulo dherekaken...
Bismillaahirrohmanirrohiim

Matur nuwun, mugi kanthi dongo kolo wau sedoyo acoro siang puniko sageto lumampah kanthi lancar, rancag kalis ing rubedo / nir ing sambikolo, aamiin.

Poro asung pambelo sungkowo ingkang satuhu nengenaken kautamen, ngancik acoro  sak lajengipun nggih puniko, ATUR PAMBAGYO JARJO saking kulowargo ingkang nandang dukito, ingkang wonten kalodangan siang puniko badhe dipun salirani panjenenganipun ingkang minulyo Bopo Ibrahim pinongko Dukuh padukuhan songo pandanpuro, dumateng panjenenganipun bapak Ibrahim wekdal soho sasono pangandikan kito aturaken, dhumateng ahli waris/kulowargo ingkang nadhang dukito kito aturi jumeneng angampingi...

mekaten wau menggah acoro atur pambagyo harjo saking bopo Ibrahim pinongko badan wakil saking kulowargo ingkang nandhang dukito... awit saking sedayanipun kito aturaken agungin panuwun.

sagung poro pambelo sungkowo kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi, sumusul acoro saklajengipun nggih puniko adicoro ongko tigo, SAMBUTAN SAKING KELUARGA BESAR VETERAN RANTING PAKEM, ingkang badhe dipun salirani penjenenganipun bopo Jendral Sudirman pinongko kepala keluaraga besar veteran ranting pakem, wonten ngarsanipun bopo Jendral Sudirman wekdal soho sasono wicoro kito aturaken.

Mekaten wau menggah Sambutan saking penjenenganipun Bopo Jendral Sudirman pinongko Sulih saliro saking Keluarga besar veteran. 

ngancik acoro ongko sekawan nggih puniko SABDA PANGLIPUR saking poro asung pambelo sungkowo,ingkang wontening kalodangan siang puniko badhe dipun salirani panjenenganipun Bopo Drs. FX. Rushartadi pinongko Lurah Desa Hargobinangun, 

Dhumateng Bopo Drs. FX. Rushartadi, wekdal soho papan kito aturaken.

Poro asung pambelo sungkowo kakung putri ingkang satuhu dhahat kinormatan, mekaten wau pangandikan saking Bopo Drs. FX. Rushartadi pinongko duto wicoro saking poro asung pambelo sungkowo sedoyo. dhumateng panjenenganipun kito aturaken matur nuwun.

ngancik acoro saklajengipun nggih puniko acoro ADAT SUSUBAN, dumateng kadang kulo, mudho sutrisno kasuwun nyamektaaken pethi punarpo/ gendhogo loyo wontening sakngajengipun griyo dukito, dhumateng kulowargo ingkang badhe nindaki acoro susuban puniko kasuwun siaga ing diri, lan dhumateng sedoyo poro lenggah asung pambelo sungkowo, kagem paring pakurmatan ingkang pungkasan dumateng almarhum bopo Wagiman Rejo Utomo, panjenengan sedoyo kito aturi jumeneng.

Poro asung pambelo sungkowo kakung soho putri ingkang satuhu luhuring budi, Acoro adat susuban sampun kapenggalih cekap,

ndungkap acoro ingkang ongko 6 nggih puniko BIDHALING LAYON  kalajengaken puputing acoro PANUTUP. Acoro bidhaling layon sak mangkih badhe dipun pandu panjenenganipun ingkang minulyo bopo Rois RW.21 bopo Syamto diharjo.

Sakderengipun lampahing suasono bidhaling layon ka-aturaken dhumateng bopo Syamto Diharjo, kulo... pinongko parogo  ingkang nglantaraken rantamaning acoro wontening siang puniko saking purwo madyo wusono, hangrumaosi pinanggih kithaling boso, klentuning atur, gangsuling ukoro ingkang sampun kalajeng rumentah, ingkang mboten ndadosaken sarjuning / renaning penggalih panjenengan sedoyo, kulo sak estu nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami. 

wonten ngasrsanipun bopo siyamto Diharjo, wekdal soho lampahing suasono kito aturaken.

saking kulo cekap semanten wassalamu'alaikum warahmatullaahi wabaro kaatuh..



ingkang dhahat sinu darsanas

atuhu dhahat kinormatan

winnatu ing karaharjan

satuhu luhuring budi

satuhu nengenaken kautamen


original arsip_duiCOsta


Komentar

Postingan Populer