Pranatacara Tirakatan HUTRI-78 RW.21 2023

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh... Poro sesepuh, aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas lebdo ing pitutur, ingkang pantes nampi kinabekten ingkang kulo bekteni Wonten ngarsanipun Bopo Dukuh Padukuhan X Pandanpuro nun inggih Bopo Asep Widodo ingkang satuhu dhahat sinu darsono. Bopo Ibu Ketua Lembaga RT-RW wontening wilayah RW.21 Pandanpuro dalasan poro pengurus harian ingkang satuhu nengenaken kauatamen ingkang kulo hormati. Bopo Ibu poro tokoh masyarakat inkang satuhu winantu ing karaharjan inkang kjulo hormati. Poro Rawuh kakung miwah putri ingkang mboten saged kulo sebat setunggal mboko setunggal ingkang satuhu luhuring budi. Mboten katalumpen, kadang kulo, mudo taruno, mudi taruni minongko sekaring projo ingkang kulo tresnani. Nyuwun sewu awit kulo sampun kumowantun ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo, nggih awit piniji saking Panitia Tirakatan Mengeti Dinten Kamardikan Republik Indonesia inkang kaping 78 Wontening RW.21 Pandanpuro, nggih supados nglantaraken menggah rantamaning Acoro wonten ing ndalu puniko. Bopo-Ibu soho poro rawuh sedoyo ingkang satuhu dhahat kinormatan, Ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap ndalu soho sampun kapenggalih cekap sedoyo sarono lan parogo wontening ndalu puniko, pramilo kepareng sumonggo, Acoro wontening ndalu puniko enggal kito awiti. Sakderengipun keparengo kulo badhe maosaken menggah urut acoro ingkang sakmangkih badhe kalampah…. Acoro ingkang sepisan Pambuko Kalajengaken Acoro ongko Kalih nggih Puniko Menyanyikan Lagu Indonesia Raya Acoro ongko Tigo Do’a Nasional lan kalajengaken Acoro Sambutan Ketua RW.21. Acoro ongko Gangsal nggih Puniko Sambutan Dukuh Pandanpuro Acaoro ongko enem Sigeg ingkang Sepisan lan badhe kalajengaken Acoro Kidmat Pitulasan Acoro ongko wolu Doorprize lan Sigeg ongko Kalih. Lan acoro ingkang pungkasan nggih puniko Panutup. Poro Rawuh sedoyo ingkang satuhu tansah winantu ing karaharjan, Sumonggo acoro tirakatan RW.21 mengeti Dinten kamardikan Republik Indoneisa kaping 78 kito bika sesarengan kanthi dongo miterat agaminipun piyambak-piyambak, NDEDONGO KULO DHEREAKEN… ---------------------------------------------------------------------- Ndedongo cekap, maturnuwun, Mugi kanthi dongo kolowau acoro wontening ndalu puniko sageto lumampah kanthi sae, lancar kali sing rubedo nir ing sambikolo. Ngancik acoro sak lajengipun nggih puniko MENYANYIKAN LAGU INDONEISA RAYA ingkang badhe dipun pandu panjenenganipun bopo/ibu BLA-BLA-BLA… Wonten ngarasanipun bopo/ibu BLA-BLA-BLA… wekdal soho lampahing suwasono kulo aturaken. Dhumateng poro rawuh kasuwun jumeneng dumugi lagu Indonesia Raya paripurno. ----------------------------------------------------------------------------------------------------- Mekaten wau acoro ongko kalih sampun purno, mugi-mugi kanthi Lagu Indonesia Raya kolowau sageto nambah rumaketing jiwo pasedherekan, persatuan lan kesatuan khususipun wontening RW.21 lan umumipun wontening wilayah ingkang langkung wiar. Bopo Ibu- poro rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi, Ngancik acoro saklajengipun nggih puniko Waosan Do’a Nasional… Ingkang wontening ndalu puniko Badhe dipun pimpin panjenenganipun Bopo BLA-BLA-BLA… Dumateng Bopo BLA-BLA-BLA… Wedal soho papan kulo aturaken. ------------------------------------------------------------------------------------------------------- Mekaten wau menggah acoro Do’a Nasional, dhumateng bopo BLA-BLA-BLA… Kito aturaken matur nuwun. monggo kito tansah mamuji mugi-mugi do,a nasional kolowau pikantuk ijabah saking Gusti Ingkang moho Agung, aamiin Ngancik Acoro saklajengipun nggih puniko Sambutan Ketua RW.21 Dhumateng Bopo Syamto Diharjo wekdal soho sasono Pangandikan kulo aturaken. ------------------------------------------------------------- Mekaten wau menggah Sambutan saking Bopo Syamto pinongko Ketua RW.21, dhumateng bopo Syamto kito aturaken matur nuwun. Poro Rawuh sedoyo Ingkang Satuhu tansah nengenaken kautamen Ngancik Acoro Saklajengipun nggih puniko Sambutan saking Dukuh Pandanpuro, wonten ngarsanipun bopo Asep Widodo, wekdal soho sasono Wicoro kulo aturaken.. ------------------------------------------------------------- Mekaten wau menggah atur pangandikan saking bopo Asep Widodo, Dhumateng panjenenganipun kito aturaken agunungin panuwun. Ngancik Acoro ongko enem nggih puniko Sigeg ingkang sepisan, Dhumateng kadang kulo mudho-mudhi taruno taruni kita suwun supados ngladosi poro rawuh sedoyo… Minangkani saking panitia supados sisan damel matur, dhumateng bopo-ibu poro rawuh sedoyo ingkang sampun pikantuk ujukan soho pendherekipun supados kerso’o ngunju lan dhahar kanthi mardiko mardikaning penggalih, kito aturi sugeng ngunjuk sugeng dhahar kanthi prayogi sak wontenipun… ------------------------------------------------------------------------------------------------ Poro Rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo, Mboten ngirangi kamardikan panjenengan sedoyo anggenipun ngunjuk soho dhahar, keparengo sinambi acoro kito lajengaken… Acoro saklajengipun nggih puniko KHIDMAT PITULASAN ingkang wonten kalodangan ndalu puniko badhe dipun salirani panjenenganipun bopo BLA-BLA-BLA… Dhumateng bopo BLA-BLA-BLA… wekdal soho lampahing suwasono kito aturaken sak cekapipun… Mekaten wau menggah wedaran khidmat 17an saking penjenenganipun bopo BLA-BLA-BLA… mugi kito sedoyo saged mendhet hikmahipun lan tundhonipun sageto nambahi raos handarbeni dhumateng bongso Indonesia puniko. Mboten katalumpen dhumateng bopo BLA-BLA-BLA… kito aturaken matur nuwun. Bopo ibu poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati, Sumonggo acoro kito lajengaken inkang sakmeniko ngancik acoro ongko wolu nggih puniko Doorprize kalajengaken Sigeg ongko kalih. Wontening acoro Doorprize puniko wekdal soho lampahing suwasono kito aturaken dhumaten sedherek ingkang tinanggenah supados mandhu acoro doorprize. -------------------------------------------------------------------------- Bopo-ibu poro rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu dhahat kinormatan, mboten kraos sakmeniko kito sampun dumugi wontening pungkasanipun acoro. Nggih puniko acoro panutup. Namung sakderengipun acaoro ndalu puniko kito pungkasi keparengo kulo matur, pinongko parogo ingkang nglantaraken rantamaning acoro wontening ndalu puniko saking purwo madyo wusono, hangrumaosi pinanggih kithaling boso, klentuning atur, gangsuling ukoro ingkang sampun kalajeng rumentah, ingkang mboten ndadosaken sarjuning / renaning penggalih panjenengan sedoyo, kulo sak estu nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami…. Sumonggo acoro wontening ndalu puniko kito tutup kanthi ndedongo sesarengan miterat agaminipun piyambak-piyambak… Ndedongo kulo dhereaken. Nuwun, Wassalamualiakum warahmatullahi wabarokaatuuuhhhhh… Pandanpuro, 2023-08-11 duiCOsta-Hatihati

Komentar

Postingan Populer