Komplit Jowo

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh...

Poro sesepuh,  aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas lebdo ing pitutur, ingkang pantes nampi kinabekten ingkang kulo hormati

Poro pangemban pangembating projo satriyaning nagari ingkang dados pandam pandoming kawulo dasih ingkang tansah nengenaken kautamen ingkang kulo hormati

Poro ibu bopo guru ingkang satuhu jatmiko soho paramarta labuh labetipun ingkang kulo hormati

Poro purno karyo labet nagari ingkang mahambeg luhuring darmo ingkang kulo hormati

Poro alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minongko kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi

Mboten katalumpen, kadang kulo, mudo taruno, mudi taruni minongko sekaring projo ingkang kulo tresnani

Nyuwun sewu awit kulo sampun kumowantun ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo, nggih awit piniji saking keluargo ingkang nandang dukito supados nglantaraken rantamaning titilaksono bidhaling layon wontening kalodangan siang puniko nggih awit sedanipun bopo WAGIMAN REJO UTOMO rikolo wingi sonten wetawis tabuh pitu ndalu,

Innalillahi wainna ilaihi rojiun...
Innalillahi wainna ilaihi rojiun...

Ngengeti wedkdal ingkang sampun ndungkap siang, soho sedoyo ubo rampe pangrukti loyo sampun kapenggalih cekap pramilo titilaksono bidhaling layon eontening kalodangan siang puniko enggal kito awiti.

Sakderengipun keparengo kulo badhe ngatuaraken menggah adicoro ingkang badhe kalampah sakmangkih...

Adicoro ingkang sepisan nggih puniko PAMBUKO
Adicoro ongko kalih nggih puniko ATUR PAMBAGYO HARJO
Adicoro ongko tigo SAMGUTAN SAKING KELUARGA BESAR VETERAN RANTING PAKem
Adicoro ongko sekawan nggih puniko SABDO PANGLIPUR
Adicoro ongko gangsal adicoro adat SUSUBAN
Adicoro ongko enem bidhaling layon lan ingkang pungkasan PANUTUP

Kulo, pinongko parogo ingkang piniji pinitoyo nglataraken rantamaning titilaksono, saking purwo madiyo wusono, ngrumaosi pinanggih kithaling boso, klentuning atur, gangsuling ukoro, ingkang sampun kalajeng rumentah, ingkang mboten ndadosno renanning penggalih poro sagung pambrlo sungkowo sedoyo...saestu kulo nyuwun lumunturing sih samodra pangksomo...

Komentar

Postingan Populer