Muga Bisa Rumangsa

Rasaku wis rapet anggone nutupi
Ambune bathang saka awakku
Jebul isih kambu..

Anggepku wis primpen anggonku nyimpen
Kabeh rasa lan hawa
Jebul isih tetep konangan...

Tak pikir wis adoh saka ngomah
Anggonku ketemu lananganku
Wis milih panggonan sepi
Kanggo gumelaring kloso aku nglemprak pasrah
Jebul, polahku rame ing bathine wong akeh

Lha rumangsaku ki aku wis adem ayem
Ora ono wong ngerti culikane tumindakku
Nggendhag lan digendhaki bojone uwong
Lhahhh... Jebul bayi katemben lair wae wis krungu
Mongko urung jangkep bopone azan..
Duh gusti...
Mugo biso rumongso...

Duicosta,
20170521

Comments

Popular Posts